Foto Reuni » Kelas A3.1


Tanggapan

  1. sing ngarep klambi putih lengen pendek sopoyo, kok tambah nom lan ayu, nyong sing pangling atawa memang orba?

  2. Kuwe Endang mbokane Mar … wis langsing (?), jarena yo nang kalimantan …

  3. maklum 20 tahun nek lali, nek ora salah si kae jenenge Asih cah Sapuran opo Kepil yo, omahe mbiyen nang sudagaran saiki mboh ra ngerti, cah iki kan buleknya priyo handoko… lha nek sebelah-sebelahnya yang gue inget cuman Edi, budi, rini,wati.. trus blang, trus ketemu deh file dos not exsist….

  4. iki kemajuane wis 20 taun … maryono saiki wani ngomong wong ayu … padahal biyen pas sma kayane merem terus lo mripate nek weruh cewek …

  5. yo biyen kan nyong ra penak karo pancat, mergane tiwas tak sir pancat jg naksir, tapi kayane pancat pernah sir karo adi kelas ning sopo yo lali tenan…… hayo ngaku.

    tur rasane biyen cah seangkatan ora ono sing mlebu ati, soale rikolo sakmono, nyong iwere nang sekolahan liyo. tapi jangan2 nek ketemu konco saiki malah biso sir2an yo, contone sing klambi putih mau kae.,,,

    sopo genahe chard cah kae, opo sing biyen rambute dowo ponian ya? kok kayane kenes saiki malah?

  6. nyong biyen naksir cah rambute dowo mar jenenge Desi Ratnasari … tapi malah nyong nang yoja deweke mangkat nang jakarta dadi artis, la terus nyong yo mbojo wae karo cah leksono sing ayune yo kiro2 podo lah nek karo desi hie..hie …. sing penting Wusss … wusss….. wusss … suaranya hampir tak kedengaran ..ha..ha.. opo maneh kiye ? ngomong podo pating sliwer wae waton ….. opo jal,
    la nek bocah kuwe jenenge Asih Hindarti … padahal nyong yo ra kenal biyen. ngerti dewek jenenge pancat ke paling kalem nek karo cewek.

  7. kalem opo ngglendem…
    lek jaman semono si nyong ngerti kenopo iso do ra kenal karo Asih…
    hehehe…ngaku wae…podo minder kan…
    jaman mbiyen kae kan podo anteng2, sak iki wae wis podo nduwe duwit trus podo polah…
    biasa itu manusiawi kok…as long as still in the right corridor
    Nabi aja istrinya sampe empat, berarti umat juga boleh beristri sampe empat…
    awas ya yang mengharamkan poligami..ati2 syahadatnya bisa batal

    btw..suk jum’at sampe sabtu malem nyong ada di yojo…
    ono sik arep joint…
    ngumpul ae nang angkringan, mangan sego kucing….hehehe…ngelingi mbiyen jaman sangu kos pas2an

  8. Ha..ha..ha…
    Podo ketok asline..
    Naluri laki2ne wis podo tumbuh…
    Ha..ha..ha…
    Kendel2 saiki in, opo maneh maryono. Mentang2 adoh omahe,… Cobo cepak omahe durung mesti dek è wani nulis ngono. Opo maneh nek ketemuan, durung mesti wani…

  9. hooh Kok..keto’e nang tenggarong durung ono sik koyo Asih…hehehehe…
    Paling Maryono lek teko reuni truss ketemu muk mesam-mesem karo cengar-cengir koyo mbiyen pas isik nang 1-5 hahahahaha…

  10. 20 tahun boleh berubah bentuk lan rupane, tambah tuo, putih rambute dll dll. tapi maslah cengar cengir isih ajeg wae .. ha.. ha…

  11. Tepat dugaan aku….., waktu sma asih pasti banyak yang naksir, makanya aku nggak berani deketin… padahal aslinya … ya….. takot…..
    he…he………he………………
    Larinya yo.. ke mbok iro wae….

  12. Pangili mana ini….katanya mau ngenet lagi kemarin ditelpon.

  13. ojo ngono fir deke yo milu-milu kan??? hayo ngaku wae….. iki wong kethoke podo mulai puber ke 2 kiya Pam…prige kiye wong kudune podo tobat malah podo mulai mengungkit-ungkit masa lalu…. podo pingin Back to the past po?? mrene wae enyong nduwe mesin yang akan membawa anda-anda semua kepada masa lalu yang indah-indah…….mulai deh ngayal lagi…

  14. Wan masa yg indah-indah opo endah-endah…?
    Hayo… Nyang lagi ngayal sopo.?

  15. Astaghfirullahal ‘adziimmm …. nyebut pakdhe, nyebut …

  16. Bene lah Cat cah iki emang lagi rodho stress berat… gara-garane bodho wingi ora mangan ketupate mertuo lan ora sujud karo mertuo dadi gawene ngayal terus…….. hayalanku kan dari dulu tetep Kok kapan iso sugih koyo lan beken koyo Bon Jovi…. pokoke Never say godbye to smada 88….

  17. tapi kayane biyen ben cengar-cengir lek konco sak angkatan ora ono sing tak taksir, mergane sir2anku nang sma mlipak. rikolo sakmono.

    terus jaman kita sma desi isih upilen ning sukabumi, dolan be isih wudo, jadi imposible cat…
    terus kul di jogja kerja jakarta kok oleh jodo wong leksono, ,,,, memang jagat ki ora saklebar kolor”

    terus terang sing jenenge asih wis lali, elinghku biyen cah sing baju putih kuwi ponian rambute dowo, tp biyen to ora naksir ki, tapi nek ketemu saiki, malah iso naksir……ora mergo adoh opo duwitan dll, sing jelas ning foto di delok yo penak saiki.

  18. na ini baru keluar xmantannya brani terus terang…gitu dong ojo koyo Koko karo Pancat wanine mendem njero…… he…he….he… hayo podho buat pengakuan dosa saiki sopo sing kalian2 taksir dulu??? kalu aku naksire harga beras karo daging soale ibuku mbiyen dodolan sego brongkos…he…he…he

  19. Sopo sing mendem njero wan, wong nyong mendem telo…
    Wan nyong takon sing bener bahasene iku sing indah-indah opo sing endah-endah…?

  20. Bahas bahasa lagi. Ayo diskusikan lagi biar rame, indah2 atau endah?
    Nyong yo melu wae, sakkarepe floor, apa perlu kita panggil ahli bahasa dari dunia internasoinal.
    Men mumet sekalian…..
    Tapi kalo yg kalimantan itu paling berani wan soalnya dia masuk pedalaman aja ngga’ takut.

  21. iki lho asike wong wonosobo…
    seko mbahas wedokan sampe bahasa…
    ahli bahasa wis mesti ono…
    ning opo ono ahline wedok an…hehehe…
    lek bocah kaliwiro dan sekitarnya ono…
    iki wis ono bibite dari negeri di awan…
    truss sopo sik ngerti supri kondom cah A2
    hehehe…
    takon de’e wae soal wedok an….

  22. Supri Kondom ? opo Supri XERI ? ….

  23. Jeneg asline Supriyanto…
    mbiyen telahane Supri kondom…

  24. Ora podo mudeng…Kethokè.
    Sing mudeng jane ming arwan. Tapi pura2 ora mudeng. Lagian sing dibutuhke bukan ahli bahasa, tapi ahli jiwa…
    Ha…ha…ha…

  25. podo omong opoooo maneh wong wong iki.
    kakeyan ngombe obat opo yo.
    obat tanpa efek samping …

  26. Walah podho ngomong opo to iki…marakke mumet…
    Nyong wong ora ngerti tur ora mudhengan…apa maneh nyebut apa mau “wedo’an”..jan..jan saya ling poseng….

    Kayane padha mabuk sik terus ngombene tahun ngarep kali ya…saiki padha kluruk padhahal mbiyen “Wanine Wedi”…ha..ha..ha

  27. makane biasa ning hutan kayu, lek ning hutan beton koyo jakarta takkkutttt,

    lek arep omba wedo’an sing penting bukti, sopo jal sing paling akeh buntute …………….. termasuk sing kececer lo.

  28. nggak usah dibahas maneh masalah wedo’an nggawe mumet wae…. soal indah2 atau endah2 bene itu jadi kenangan… soal wedo’an kuwi la iki agawe mumet ing rogo lan jiwo, mergane penjalukane akeh lan macem-macem..kecuali bojoke mung siji penjalukane yaiku gaji utuh, balek ngomah botol tetep ajeg…ha…ha..haaa

  29. E… Om pam nongol lagi…
    Kirain loro maneh…
    Opo lagi ngoyak2 setoran…?

  30. ngoyak2 pitik wae…
    ben cepet kecekel

  31. Pitik opo in..?
    Pitik cilik..opo pitik…?

  32. Pitik dere wae..sing sedeng tur daginge mengkel kok…Arwan bener wan sing penting “Bonggol” lan “Benggol” wutuh…yakin dijamin..nek sempal yo mbuh wae….geger ngalengko dirojo…e..e…e…e

  33. nek mung benggol lan bonggol wutuh isih penak, la nek nyong benggol be kudu enek recehane maneh.

    tapi nek nduwe pitik dere mono, benggol ya mesti terganggu, wong pitik dere kbutuhane luwih akeh. lan bonggole… wutuh si, paling ……

  34. Yo wis nek ngono….nikmati wae..pitik babon ora popo..malah…wis ngerti senengane, mangan dedek apa mangan jagung atawa beras..ho’o si….Ora usah mumet mumet mikiri liyane…Alah ngomong opo iki seka reuni kok tekan dodolan pitik emange pasar ternak piye….hi…hi…hi


Beri tanggapan

Your response:

Kategori